NASIB E PAK SAMIUN

Kaya biasane,
esuk iku pak samiun wes teka ing omahe pak pawiro saperlu ngeterake Asri lan
Yani. Nanging esuk iku polatane katon suntrut. Bareng didangu apa sebabe dene
katon susah, pak samiun matur terus terang yen ora bisa mbayar SPP ne anak e
kang saiki isih kelas 6. Pak pawiro kadudut penggalihe, mula klawan ekhlas, pak
samiun tumuli diparingi dhuit dening pak pawiro kango bayar SPP ne anake. Pak
samiun dadi bungah atine. Ing bathin muji sukur marang kamurahane gusti kang
maha kuwasa. Nanging kagete pak samiun dhuwit paringane pak pawiro ing celanane
pranyoto wis ora ana. Dene sisihane mung plonga plongo nggetuni nasib e sial.
Sakal iku tanpa pamitan, dheweke tumuli cengkelak bali.klawan ati bingung
dheweke celilengan ing sadalan dalan, mbok menowo dhuwite ceblok ing ndalan.
Dheweke wes ora peduli karo ramene lalulintas ing ndalan. Dumadak ana colt
lumaku banter nyamber pak samiun. Becak e pak samiun ajur, awak e gubras getih
lan jiwane ora bisa dikukup maneh. Dene clot kang disetiri nom nom an ora gelem
tanggung jawab. Kabar ngenani tiwas e pak samiun agawe kaget. Dene pak pawiro
lan kepala sekolah SDN arjosari tumuli maringi sumbangan sacukupe marang
kaluargane pak samiun dene anak e pak samiun banjur dipundhut dadi anak angkate
bapak kepala sekolah.
Pepiling : Dadi uwong kudu seneng tulung tetulung marang kabeh uwong kesulitan sing dikenal utawa ora kenal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar