Senin, 22 Januari 2018

RINGKASAN LEGENDA TIMUN MAS

Judul Legenda   : Timun Mas
Penerbit              : karunia jaya Surabaya

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe. Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
timun masPenjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul. Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas. Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih. Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan. Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

Sabtu, 20 Januari 2018

cerita kehidupan

KIDUNG RINDU
(karya nabilah eva)


          Ing sawijining wektu, aku isih Sd. Aku nduweni wong sing tak anggep penting ing orepku. Dheweke mesti ana gawe aku. Dheweke ora tau ndelok ala ku. Saben dina aku budhal sekolah karo de e. saben dina ngontel bareng. Awak ndewen mesti saling tetulung. Dheweke nduweni jeneng istimewa yoiku SAHABAT. Susah seneng bareng terus, mbasio dheweke rodok celelekan nanging dheweke sing nggawe aku iso ngguyu cekakakan.
          Ing sawijining dina mendekati UN aku lan dheweke mesti budal les bareng. Mben dino mesti bareng bareng ngontel, kadang boncengan nganti nabrak wit keres. Dhewek e lan aku wis kaya dulur sing kuelet nemen. Nanging aku kerungu kabar yen sawise UN dheweke bakal pindah omah ing mojokerto, aku ora terimo yen aku bakalan kilangan koncoku sing paling tak sayang. Dheweke wis tak anggap kaya mbakku , amarga wis cedek , sakig cedek e pas ulang tahun dirayakno bareng.
          Sawise Un dheweke temenan pindah ing mojokerto, aku ora percoyo yen kabeh iku nyata, dheweke kudu melok wong tuwone sing dinas ing mojokerto, nanging dheweke janji yen preian sekolah dheweke bakal dolan ing suroboyo.
          Ing sawijining dina pas preian , aku ngenteni dheweke dolan menyang suroboyo, nanging dheweke ora teka teka. Aku mesti nyanyiake lagu sing biasane dinyayino bareng. Ing setiap irik e tak selipno rinduku kanggo dheweke, aku kapingin dheweke cepet bali nang suroboyo supaya bisa dolan bareng. Ora suwi, se sasi aku ngenteni, dheweke teko ing omahku, dhewek e jaluk sepura yen tekane telat, amarga dheweke sektas iso liburan. Aku seneng dhewek e sek iing aku. Aku ngira dhewek e wis or ailing mangkane ora teka teka , nanging kabeh dugaan ku salah.
          Mumpung dheweke dolan ning omahku , aku dolan sak pause. Awak ndewen sampek nyanyi bareng kaya mbiyen, aku ora bakal ngelaliake kabeh iku, mesti tak kenang dengan sebutan KIDUNG RINDU

Saka cerita kuwi, kita dapat njupuk pelajaran. Mbasio jarak e adoh, ora oleh ngelaleake sahabat, lan yen wis nggawe janji mestine kudu ditepati

ringkasan legenda nyi roro kidul

Judul legenda          : nyi roro kidul
Pengarang                : -
Penerbit                    : Karunia Jaya Surabaya
Tahun terbit             : -
               
Ana sawijine wektu nalikane kerajaan pajajaran kanthi raja prabu silihwangi annduweni cerita kang bungah ake marang sa kabehe. Singkat cerito prabu silihwangi angnduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon kanthi jeneng putri larakadhita kang tegese wong wadon kang ayu. Sawise putri kadhita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang sepodo podo. Poro selir ngeroso iri lan wedi yen piyambak e podho kasisihno saka welasane prabu silihwangi. Para selir mau padha rembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yaiku putri larakadhita.
            Putri larakadhita lan ibune digawe santed saka para selir prabu silihwangi kanthi wujud lara kulit ana ing sakabehe awak. Prabusilihwangi akhire ngusir putri larakadhita lan ibu e saka kraton kerajaan pajajaran marga khawatir yen penyakite dadi nyebar lan nular. Putri larakadhita lan ibu tindhak tanpa ana tujuano kang jelas.permaisuri tilarndunyo ono ing pengembaraan sawemtara putri larakadhita ngelanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teko gunung ing pinggir segoro. Amarga kesel banget putri larakadhita ngasu lan keturon ana ing gunung pnggiran segoro. Piyambak e pun mimpi ketemu karo wong suci sing maringi pitutur supaya putri ngeresiki awak e dening nyemplung menyang segoro  kanggo njaluk maraske awak e saka penyakit, uga mulihake rupa ayune. Saha kanggo ndueni kekuatan ampuh kanggo mbales wong kang anggowo uripe sengsoro


            Nalika tangi tanpa mangu putri larakadhita langsung ambyur menyang tengah segoro kanthi ombak kang gede. Ngimpi dadi kasunyatan. Sakliane mbalik mane fisik ayune putri larakadhita uga diwenehi kakuwasan adhi kodrati lan pati. Nanging putri kudu tetep mbaurekso ana segoro kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka nyirara kidul nganti saiki


PEPILING : dadi wong ora oleh gampang  iri marang liyane

Sabtu, 13 Januari 2018

Ringkasan cerkak nasib e pak samiun

NASIB E PAK SAMIUN


Pak samiun sawijning tukang becak kang manggon ing kampung arjosari. Dheweke disenengi karo tangga tangga teparone sarto, wong wong ng sakupenge kampung kono, amargo grapyak semanak, lan ngajeni marang sapa wae. Dheweke akeh langganane. Meh sabendinane dheweke ngeterake langganane kang dumadi saka bocah-bocah sekolah dasar. Ing antarane langganane mau, ana bocah ing tataran sekolah dasar kelas 4 lan 5. Arane Asri lan Yani. Pak pawiro, wong tuwane bocah kekarone seneng marang pak samiun. Sadurunge budhal ngeterake, dheweke ajeg disuguhi kopi dening bu pawiro. Sawijining ndino, naliko bocah loro lagi mudhun saka becak mau. Dheweke tiba mengkureb. Dhengkule gubras getih. Weruh kang kaya mengkono mau, pak samiun enggal enggal aweh pitulungan. Pak samiun tumuli enggal enggal mbopong asri digawa mlebu menyang njero kelas, dene yani ngetutake saka mburi karo prembik prembik arep nangis. Ing njero kelas kono, pak samiun lan gurune kang kapinujon wis rawuh, nuli enggal enggal ngobati tatune asri. Weruh patrape pak samiun kang nduweni rasa welas asih mau, pak guru penggalihe krasa trenyuh, ing atase pak samiun kalebu wong liya braya karo kaluargane Asri.

Kaya biasane, esuk iku pak samiun wes teka ing omahe pak pawiro saperlu ngeterake Asri lan Yani. Nanging esuk iku polatane katon suntrut. Bareng didangu apa sebabe dene katon susah, pak samiun matur terus terang yen ora bisa mbayar SPP ne anak e kang saiki isih kelas 6. Pak pawiro kadudut penggalihe, mula klawan ekhlas, pak samiun tumuli diparingi dhuit dening pak pawiro kango bayar SPP ne anake. Pak samiun dadi bungah atine. Ing bathin muji sukur marang kamurahane gusti kang maha kuwasa. Nanging kagete pak samiun dhuwit paringane pak pawiro ing celanane pranyoto wis ora ana. Dene sisihane mung plonga plongo nggetuni nasib e sial. Sakal iku tanpa pamitan, dheweke tumuli cengkelak bali.klawan ati bingung dheweke celilengan ing sadalan dalan, mbok menowo dhuwite ceblok ing ndalan. Dheweke wes ora peduli karo ramene lalulintas ing ndalan. Dumadak ana colt lumaku banter nyamber pak samiun. Becak e pak samiun ajur, awak e gubras getih lan jiwane ora bisa dikukup maneh. Dene clot kang disetiri nom nom an ora gelem tanggung jawab. Kabar ngenani tiwas e pak samiun agawe kaget. Dene pak pawiro lan kepala sekolah SDN arjosari tumuli maringi sumbangan sacukupe marang kaluargane pak samiun dene anak e pak samiun banjur dipundhut dadi anak angkate bapak kepala sekolah.

Pepiling : Dadi uwong kudu seneng tulung tetulung marang kabeh uwong  kesulitan sing dikenal utawa ora kenal

Ringkasan Legenda Asal Usul Kutha Surabaya

Judul legenda          : asal usul kutha Surabaya
Pengarang                : -
Penerbit                    : karunia jaya Surabaya


Tahun terbit             : -
                




Prameswari majapahit, garwane prabu brawijaya nalika siram ing taman bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger, Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparingi katranan yen prameswari majapahit mau wes seda dishusta dening iwak sura lan baya. Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening nabi kidhir kekarone podho banjur tutuh tinutuh awit padha ora rumongso dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau seperlu mung kanggo lebong weteng.
           
PERTARUNGAN SURO LAN BOYO
 Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari mjapahit kuwi iwak sura , ujar e baya . Nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura lan baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone padha gelut. Loro loronr podho kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha gelut saengga dadi siji. Amarga wes ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna tanpa lari. Sakmuanane sura lan baya, Sri narata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong wong mau padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku sri narata banjur ngedikan “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal tak jenengake SURABAYA”.

Pepiling : Permusuhan ora bakal bisa ngatasi masalah sing ana, ayo ngatasi masalah karo sirah sing endhek