NASIB E PAK SAMIUN
Pak samiun
sawijning tukang becak kang manggon ing kampung arjosari. Dheweke disenengi karo
tangga tangga teparone sarto, wong wong ng sakupenge kampung kono, amargo
grapyak semanak, lan ngajeni marang sapa wae. Dheweke akeh langganane. Meh
sabendinane dheweke ngeterake langganane kang dumadi saka bocah-bocah sekolah
dasar. Ing antarane langganane mau, ana bocah ing tataran sekolah dasar kelas 4
lan 5. Arane Asri lan Yani. Pak pawiro, wong tuwane bocah kekarone seneng
marang pak samiun. Sadurunge budhal ngeterake, dheweke ajeg disuguhi kopi
dening bu pawiro. Sawijining ndino, naliko bocah loro lagi mudhun saka becak
mau. Dheweke tiba mengkureb. Dhengkule gubras getih. Weruh kang kaya mengkono
mau, pak samiun enggal enggal aweh pitulungan. Pak samiun tumuli enggal enggal
mbopong asri digawa mlebu menyang njero kelas, dene yani ngetutake saka mburi
karo prembik prembik arep nangis. Ing njero kelas kono, pak samiun lan gurune
kang kapinujon wis rawuh, nuli enggal enggal ngobati tatune asri. Weruh patrape
pak samiun kang nduweni rasa welas asih mau, pak guru penggalihe krasa trenyuh,
ing atase pak samiun kalebu wong liya braya karo kaluargane Asri.
Kaya biasane,
esuk iku pak samiun wes teka ing omahe pak pawiro saperlu ngeterake Asri lan
Yani. Nanging esuk iku polatane katon suntrut. Bareng didangu apa sebabe dene
katon susah, pak samiun matur terus terang yen ora bisa mbayar SPP ne anak e
kang saiki isih kelas 6. Pak pawiro kadudut penggalihe, mula klawan ekhlas, pak
samiun tumuli diparingi dhuit dening pak pawiro kango bayar SPP ne anake. Pak
samiun dadi bungah atine. Ing bathin muji sukur marang kamurahane gusti kang
maha kuwasa. Nanging kagete pak samiun dhuwit paringane pak pawiro ing celanane
pranyoto wis ora ana. Dene sisihane mung plonga plongo nggetuni nasib e sial.
Sakal iku tanpa pamitan, dheweke tumuli cengkelak bali.klawan ati bingung
dheweke celilengan ing sadalan dalan, mbok menowo dhuwite ceblok ing ndalan.
Dheweke wes ora peduli karo ramene lalulintas ing ndalan. Dumadak ana colt
lumaku banter nyamber pak samiun. Becak e pak samiun ajur, awak e gubras getih
lan jiwane ora bisa dikukup maneh. Dene clot kang disetiri nom nom an ora gelem
tanggung jawab. Kabar ngenani tiwas e pak samiun agawe kaget. Dene pak pawiro
lan kepala sekolah SDN arjosari tumuli maringi sumbangan sacukupe marang
kaluargane pak samiun dene anak e pak samiun banjur dipundhut dadi anak angkate
bapak kepala sekolah.
Pepiling : Dadi uwong kudu seneng tulung tetulung marang kabeh uwong kesulitan sing dikenal utawa ora kenal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar