KIDUNG RINDU
(karya nabilah eva)
Ing sawijining
wektu, aku isih Sd. Aku nduweni wong sing tak anggep penting ing orepku. Dheweke
mesti ana gawe aku. Dheweke ora tau ndelok ala ku. Saben dina aku budhal
sekolah karo de e. saben dina ngontel bareng. Awak ndewen mesti saling tetulung.
Dheweke nduweni jeneng istimewa yoiku SAHABAT. Susah seneng bareng terus,
mbasio dheweke rodok celelekan nanging dheweke sing nggawe aku iso ngguyu
cekakakan.
Ing sawijining
dina mendekati UN aku lan dheweke mesti budal les bareng. Mben dino mesti
bareng bareng ngontel, kadang boncengan nganti nabrak wit keres. Dhewek e lan
aku wis kaya dulur sing kuelet nemen. Nanging aku kerungu kabar yen sawise UN
dheweke bakal pindah omah ing mojokerto, aku ora terimo yen aku bakalan
kilangan koncoku sing paling tak sayang. Dheweke wis tak anggap kaya mbakku ,
amarga wis cedek , sakig cedek e pas ulang tahun dirayakno bareng.
Sawise Un
dheweke temenan pindah ing mojokerto, aku ora percoyo yen kabeh iku nyata, dheweke
kudu melok wong tuwone sing dinas ing mojokerto, nanging dheweke janji yen
preian sekolah dheweke bakal dolan ing suroboyo.
Ing sawijining
dina pas preian , aku ngenteni dheweke dolan menyang suroboyo, nanging dheweke
ora teka teka. Aku mesti nyanyiake lagu sing biasane dinyayino bareng. Ing setiap
irik e tak selipno rinduku kanggo dheweke, aku kapingin dheweke cepet bali nang
suroboyo supaya bisa dolan bareng. Ora suwi, se sasi aku ngenteni, dheweke teko
ing omahku, dhewek e jaluk sepura yen tekane telat, amarga dheweke sektas iso
liburan. Aku seneng dhewek e sek iing aku. Aku ngira dhewek e wis or ailing mangkane
ora teka teka , nanging kabeh dugaan ku salah.
Mumpung dheweke
dolan ning omahku , aku dolan sak pause. Awak ndewen sampek nyanyi bareng kaya
mbiyen, aku ora bakal ngelaliake kabeh iku, mesti tak kenang dengan sebutan
KIDUNG RINDU
Saka cerita kuwi, kita dapat njupuk pelajaran. Mbasio jarak e
adoh, ora oleh ngelaleake sahabat, lan yen wis nggawe janji mestine kudu
ditepati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar